Kamis, 26 Januari 2023

Tugas Gawe Crita Basa Jawa

 


Salat Ing Masjid Madaniyah


Faiz, Riski, lan Mario kanca tunggal kelas. Mulih saka sekolah, bocah telu arep dolan ing omahe Bintang. Omahe Bintang cedak Toko Amigo.


Faiz : Ris, aku mau telpon arep pamit ibuku. Aku oleh dolan, nanging kudu mulih dhisik. Mbalekake tas karo sisan salin klambi lan kathok.

Riski: rapapa, Iz. Aku karo Mario melu menyang omahmu.


Bocah telu tumuju omahe Faiz. Mario lan Riski kulina dolan ana omahe Faiz. Tekan omah, Faiz salin klambi lan kathok.

Faiz, Mario, lan Riski pamit marang ibu. 

Faiz: Ibu, kula badhe dolan teng griyane rencang.

Ibu: iya, ora papa. Iki dina Jumat. Olehmu Jumatan arep neng endi?

Faiz: Jumatan wonten Masjid Madaniyah, Bu.

Ibu: ya. Ngati-ati neng dalan.


Tekan omahe Bintang, kanca-kanca liyane wis nunggu.

Bintang: ayo, Iz. Ndang mangkat neng mesjid numpak pit dewe-dewe.

Faiz: oke. 

Faiz, Riski, lan kanca-kanca salat Jumat kanthi tertib. Rampung salat Jumat, Faiz lan kanca-kanca melu njupuk panganan "Jumat Berkah".

Riski: alhamdulillah, entuk berkah panganan. 

Bintang: awake dewe kurang cepet, dadi ora oleh sega bungkus.


Sawise Jumatan, Faiz lan kanca-kanca balik neng omahe Bintang. Mulih saka omahe Bintang, Faiz numpak pit kudanan neng dalan.


(RAMPUNG)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar